letras.top
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

letra de arum dalu (kepangku kapang 2) - happy asmara

Loading...

sekar kang rinonce datan kedunung
nandang kelakon tuwuh getun keduwung
tumetes waspo tibo ing lembayung
pindha ombak samudra tan kebendhung

sumerbak nyirep teleng ati
ngambar arum mlathi ing ratri
wew-ngenmu dino kawuri
seksi katresnan sejati

nyaw-ng pasuryanmu ing taw-ng
ketaman ayune sri wulan
kaya kaya wus sesandhingan
senadyan amung wewayang, amung wewayang

kelingan setyamu, kelingan sedyamu
nalika nate janji janji
sebo ing dampar ati
nglali opo wis lali

sekar kang rinonce datan kedunung
nandang kelakon tuwuh getun keduwung
tumetes waspo tibo ing lembayung
pindha ombak samudra tan kebendhung

mega mendhung tan kandheg tetangis
nelesi kembang ati sing atis
ati ketaman janji janji
kagodha lathi kang manis, grantes ginaris

sekar kang rinonce datan kedunung
nandang kelakon tuwuh getun keduwung
tumetes waspo tibo ing lembayung
pindha ombak samudra tan kebendhung

ginurit endah sastro kang semu
tansah ngreridu jroning lamunku
tan ana liya amung sliramu
nyata jejantung ig tilam sariku
cahyo netraku

letras aleatórias

MAIS ACESSADOS

Loading...